Nyasar Ing Maju Mundur
Adegan
1 ( Ing dalan)
Fanney : “Aduh piye iki..? Awak kene
ketinggalan bis..Yo opo iki..??”
Anggi :”Nek engkok digolek’i ibukku yo
opo..?
Ibukku nek kangen aku yo
opo..?”
Rere :”pulsaku yo entek sisan..!
Aduh, aduh.. nasibku elek
tenan..
Silvy :”Trus awak kene yo opo iki..??
Dewi :”Emboh,,ayo takok uwong ae..!
Ing tengah dalan, kalimo konco iku ketemu mas-mas
ing dalan.
Slimin :”Aduh, aduh emak..! mbak-mbak iki
katene neng endi toch..?
Rere :”Niku, kulo lan konco-konco kula
kesasar, amerga ketinggalan bis…!!”
Tejo :”Sakno tenan peyan-peyan iki…!!
Bengi-bengi nyasar..”
Slimin :”Nggeh pun, yak nopo nek peyan-peyan
iki tak terno neng griyane pak
RT..!!”
Fanney :”Loh..katene lapo neng umahe pak
RT..??”
Slimin :”Nggeh lapor, nek peyan-peyan iki
kesasar ing deso iki, desi Maju
Mundur…!!”
Koor :”Ooooohhhhh……!!!”
Adegan
2 (Ing griya pak RT)
Tejo :”Assalamu’alaikum Pak Darma…!!!”
P
Darma :”Enggeh..enggeh..
Wa’alaikumsalam..(Bukak
lawang)
Tejo :”Niki lo, enten mbak-mbak nyasar
ten mriki..”
Bu
Juminten :”Lho,,Lho pak…!! Tamune kok
mboten dikengken melbu seh..??”
P
Darma :”Ohh, nggeh-nggeh..
Monggo pinarak rumiyin..!!”
Slimin :”Ngeten lo pak,,mbak-mbak niki
ketinggalan bis rombongan..terus
Nyasar ten mriki…mbak-mbak
niki bingung badhe ten pundi..!!”
P
Darma :”Owalah..iku toh
masalahe..!!”
Bu
Juminten :”Wes ngeten ae pak,,yaopo mbak-mbak
iki nginep neng kene gawe
Sementara..??”
P
Darma :”Loh..masalahe mbak-mbak iki
purun ta nginep neng kene..??”
Anggi :”Mboten ngrepoti ta pak,,buk.?”
P
Darma :”Nggeh mboten nopo-nopo..
Malah kulo seneng…hehehe..
Bu
Juminten :”Pak’e…!!!!” (ngamuk)
Adegan
3
Bu
Juminten :”Nduk,,nduk..mreneo nduk.!!”
Koor :”Enggeh buk..!!” (Neng njero kamar)
Bu
Juminten :”Ibu lan bapak arep ngomong karo
sampeyan kabeh..!!”
P
Darma :”Endi lo buk mbak-mbak
iku..?”
Bu
Juminten :”Sing sabar pak..mbak-mbak
iku neng kamar!!”
Silvy :”Enten nopo buk,,pak,,?”
Bu
Juminten :”Ngene lo nduk..! ibuk iki duwe
toko batik..
Sampeyan gelem ta ngewangi
ibuk..?”
Dewi :”Ngewangi nopo to buk..?”
P
Darma :”Ngene lo nduk..ibu lan bapak
pingin peyan-peyan iki ngewangi ibuk
Dodol klambi batik neng
toko…gelem ta..?”
Koor :”Nggeh pak, buk….mboten
nopo-nopo..?”
Fanney, Silvy, Dewi, Anggi, Rere lan bu Bu
Juminten budal neng toko batik’e bu Bu Juminten.
Fanney
:”Wiihh,,apik tenen tokone bu..!!
Bu
Juminten :”Hehehehe………….^_^
Yo wes..saiki ngresiki
toko.!!”
Koor :”Nggeh….!!”
Adegan 4
Slimin :”Jo,,iku bukane mbak-mbak sing sing
kesasar wingi..??”
Tejo :”Endi min..??”
Slimin :”Iku loh,,neng took batik’e Bu
Juminten..!”
Tejo :”Yo wes jo..ayo diparani…!!”
(Nyedeki tokone Bu Juminten)
(Neng
njero toko)
Bu
Juminten :”He nduk..Tejo lan Slimin arep
tumbas batik lo..!!
Ibuk tak ngentas sego,,ben ra
gosong..” (Melbu umah)
Anggi :”Tumbas nopo to mas.??” (nako’i
Tejo)
(Milihno klambi gawe Tejo)
Rere :”Tumbas nopo to mas.??” (nako’i
Slimin)
Slimin :”Tumbas
klambi batik.!!
Kulo
tak milih-milih nggeh..?”
Rere :”Nggeh..monggo..
Peyan
ukuran pinten..? ukuran L ta..??” (Milih klambi)
Slimin :”Enggeh..!!”
Rere :”Peyan
enteni…….kulo dolek’aken…..”
Slimin :
(Milih klambi)
Rere :
(Ngamuk amerga ndeleng Anggi lan Tejo)
Slimin :”Yak
nopo mbak..??ketemu ta..??”
Rere :”Mboh..mboh
mas..!! ga onok,,,dolek ono dewe…” (Ngamuk)
Slimin :”
(Ngamuk lan ngajak Tejo mulih)
Adegan
5 (Ing pos ronda)
Tejo :”Min,,aku pingin crito tok
peyan..!!”
Slimin :”Crito opo Jo..??”
Tejo :”Aku saiki lagi tresno..”
Slimin :”Peyan lapo ngguyu-ngguyu dewe.?
Peyan tresno karo soppo..??”
Tejo :”Aku tresno karo Anggi..!!”
Slimin :”Hhaahhh…Anggi sopo..??
Mbak sing kerjo neng tokone
bu Juminten ta..??”
Tejo :”Iyo min…aku tresno kro Anggi..!!”
Adegan
6 (Tengah wengi)
P
Darma :”Buk,,buk,,,Tangio..!!”
Bu
Juminten :”Ono opo pak..?Ngantuk aku..!!”
P
Darma :”Coba tangio..age-age..!!
Rungokno..ono suara apa
iku..!!”
Bu
Juminten :”Suara kenthong pak..!”
P
Darma :”Iyo bu..Coba ayo metu..!!”
Bu
Juminten :”Ayo pak…”
Neng kamar, fanney, Silvy, Anggi, Rere
tangi amergo kerungu suara kentongan.
Adegan
7 (Neng toko Bu Juminten)
Bu
Juminten :”Lho pak,,iku kok koyok toko
batik ku..!!”
P
Darma :”Iyo bu..ayo di delok wae..”
Kabeh uwong podho nggowo timbo gawe mateni geni
Adegan
8
Bu
Juminten :”Pak’e…iku toko batik ku…
Tokoku pak…ilang dipangan
geni..” (Nangis)
P
Darma :”Iyo bu……sabar bu….!!”
Adegan
9 (Ing ruang tamu)
Bu
Juminten :”Mbak-mbak…tokoku kobongan,,dadi
sampeyan ra iso kerjo maneh..
Iki ono duwik titik gawe
sangu mulih..!!”
Rere :”Kula malah matur suwun sampun
diijini nginep ten mriki…”
P
Darma :”Nggeh…sami-sami..!!”
Silvy :”Nggeh pun..kulo sedoyo pamit
mantuk…matur nuwun..
Adegan
10
Fanney, Silvy, Dewi, Anggi, Rere
pamitan neng Tejo lan Slimin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar